106.10 MH.z KURNIA FM TRENGGALEK

Minggu, 22 Mei 2011

Kecamatan Gandusari — trenggalek

Gandusari
Kecamatan
Lokasi Kecamatan Gandusari, Trenggalek.png
Peta lokasi Kecamatan Gandusari
Negara Indonesia
Provinsi Jawa Timur
Kabupaten Trenggalek
Pemerintahan
- Camat -
Luas - km²
Jumlah penduduk -
Kepadatan - jiwa/km²

Gandusari adalah sebuah kecamatan di Kabupaten Trenggalek, Provinsi Jawa Timur, Indonesia.

[sunting] Sejarah

Tepatnya, adalah di Dusun Dawuhan, Desa Sukorejo Kecamatan Gandusari, Perlu di ketahui; Balai Desa Sukorejo pun juga terdapat pada wilayah Dusun Dawuhan. Daerah ini dengan nyata tersebutkan dalam Prasasti Kampak (851 syaka atau 929 Masehi). Di sebutkan sebagai salah satu kawasan yang berbatasan dengan MAHA SAMUDRA dalam Prasasti Kampak. Perlu diketahui bahwa Prasasti Kampak yang merupakan Simbol Pemberian kemerdekaan Oleh Empu Sendok bagi masyarakat Kampak dan sekitarnya, Karena telah Ikut Membantu dalam perjuangan merebut kembali Pemerintahan. Perdikan Kampak merupakan tonggak sejarah Kabupaten Trenggalek yang tak dapat diabaikan. Lahirnya perdikan kampak ditandai dengan adanya prasasti kampak yang dibuat oleh Raja Sendok .

Dalam cerita Rakyat, bahkan di sebutkan bahwa Pusat Pemerintahan Kabupaten Trenggalek dahulu Berada di daerah Desa Jajar, Kecamatan Gandusari.Meski Cerita Rakyat ini belum bisa di benarkan dengan bukti-2 sejarah. Namun memang di daerah gandusari di jumpai beberapa peninggalan Kuno. Dahulu (meski telah memasuki abad ke-19), Ketika Ajaran Islam belum begitu mewarnai corak budaya masyarakat Gandusari, Masyarakat Trenggalek masih melaksanakan Sembah Bumi di PUNDAK (Batu; yang di anggap dapat memberikan Kesuburan Tanaman Pangan). Pundak atau Tempat sesajen Tersebut terletak sekitar 300 M, d belakang Balai Desa Sukorejo(Sekarang). Sayangnya Batu Tersebut sekarang Tidak Terawat, Bahkan Mungkin Lepas dari Penelitian Para Ahli Arkeologi.Catatan; Peninggalan ini musti diteliti oleh para ahli. Dilihat dari tingkat Ekonomi Sosial dan Budaya; Masyarakat Gandusari, hususnya Desa Sukorejo; Memang tidak dapat di pungkiri, asyarakat Desa ini lebih maju pola pikirnya di banding dengan Kawasan Lainnya.di sana dapat di jumpai banyak sekali Industri-Industri Rumahan; Genteng, Tekstil, Anyaman, Batik, kripik Tempe, dll. Wilayahnya Luas, di banding Desa-desa Lainnya, Bahkan Yayasan Al Azar pun Lebih Memilih Desa Sukorejo sebagai tempat mendirikan Institusi dengan alasan memang secara Ekonomi dan Budaya Lebih Maju di banding dengan Mayarakat di Pusat Kota Trenggalek sekalipun.

Dari prasati itu dapat diketahui bahwa Trenggalek pada masa itu sudah memiliki daerah daerah yang mendapatkan hak otonomi atau swantara lebih jelas lagi diketengahkan bahwa Perdikan Kampak berbatasan dengan mahasamudera (Samudera Indonesia ) disebelah selatan yang pada waktu itu wilayahnya meliputi Panggul, Munjungan dan Prigi. Selanjutnya disinggung pula daerah Dawuhan yang sekarang daerah ini juga masih dapat dijumpai di Trenggalek. Setelah masa Mpu Sindok dengan melalui masa Raja Dharmawangsa lahirlah di Jawa Timur kerajaan Kahuripan yang diperintah oleh Raja Airlangga. Hanya sayangnya pada masa ini tidak banyak diketahui kesejarahannya, dikarenakan tidak ditemuinya data atau mungkin belum ditemukannya data tentang masa tersebut. Namun tidak bisa disangkal bahwa wilayah Trenggalek termasuk dalam kawasan Kahuripan yang kemudian berkesinambungan menjadi wilayah kerajaan Kediri. Dari zaman Kediri hanya ada beberapa hal yang dapat dicatat, utamanya pada masa ini munculnya prasasti Kamulan yang terletak di Desa Kamulan Kecamatan Durenan Kabupaten Trenggalek.

kita copy paste dr:http://id.wikipedia.org/wiki/Gandusari,_Trenggalek

bkn maksud untuk membajah tapi untuk majunya kota trenggalek

Senin, 10 Januari 2011


SEJARAH TRENGGALEK

Ringkesan Sejarah Trenggalek punika kapendhet saking Buku Babon “Sejarah Trenggalek” ingkang sampun kasil kaimpun dening Panitia Sejarah Trenggalek saha para sarjana sejarah Pawiyatan Luhur Institute Keguruan dan Ilmu Pendidikan (IKIP) Malang. Ingn ringkesan punika namung kawedharaken bab-bab ingkan baken saha ingkang premana kemawon. Wondene ringkesan punika kaperang dados 5 (gangsal) perangan :

A. Jaman Pra Perdikan
B. Jaman Perdikan :
1. Perdikan Hindu.
2. Perdikan Islam.
C. Jaman Trenggalek Wiwitan.
D. Jaman Trenggalek Ginarba.
E. Jaman Trenggalek Wibawa.

A. Jaman Pra Perdikan

Ing jaman Pra Perdikan utawi jaman Pra Sejarah, ing laladan Trenggalek ugi sampun kadunungan tetiyang ingkang kabudayanipun taksih prasaja sanget kados ing papan-papan sanes.Barang-barang kina ingkang sampun pinanggih ing laladan Trenggalek asung pitedah wohing kabudayan jaman Nirleka, kadosta : Watu Saji, Watu Dakon, Lumpang Watu, Watu Palinggih, lan sapanunggalanipun. Barang-barang wau pinanggih ing papan panggenan ingkang limrahipun dados margi ambah-ambahipun tetiyang nalika samanten, inggih ing antawasipun Pacitan-Panggul-Wajak Tulungagung. Jaman punika kalebet Jaman Megalitikum utawi Jaman Neolitikum.

B. Jaman Perdikan

Jaman Pra-Sejarah katutup dening Jaman Sejarah utawi Jaman Perdikan, inggih punika wancinipun tetiyang sampun tepang kaliyan sastra-tulis, senadyan wujuding tulis taksih prasaja. Ing jaman punika laladan Trenggalek kalebet wewengkon panguwaosipun mPu Sindhok. Minangka bukti sejarah sampun kathah prasasti yasanipun mPu Sindhok ingkang kapanggihaken dening para Sarjana Sejarah, ing antawisipun Prasasti Kampak. Wondene mPu Sindhok ngasta keprabon ing Jawi Wetan nalika Tahun 851 Saka utawi 929 Masehi.
Saking Prasasti Kampak punika saged kawaos, bilih Trenggalek nampi kanugrahan kamardikan, inggih tlatah Perdikan Kampak. Kajawi punika Prasasti wau nelakaken jembaring panguwaosipun mPu Sindhok inggih punika : ing sisih Kidul ngantus dumugi ing Samodragung (Samodra Indonesia), inggih punika kalebet laladan Panggul, Munjungan saha Prigi. Dene ing sisih Eler ngantos ing tlatah Dawuhan, ingkang samangke dumunung wonten saelering kitha Trenggalek.

Ing Prasasti Kampak wau ugi martelakaken bilih tanah utawi bumi punika satuhu tanah ingkang kamulyakaken; awit tanah utawi bumi punika mujudaken kanugrahan saking :
Bathara I Sang Hyang Prasadha Kabhaktian I Pangurumbigyan I Kampak.
Krajan Kahuripan nunten kalajengaken dados wilayah Krajan Kedhiri, ingkang kaasta dening para raja trah Airlangga. Dene raja Kedhiri ingkang pungkasan inggih punika Prabu Kertajaya ingkang ajejuluk Sri Sarweswara Triwikramamawatara Ninditya Srenggalancana Digwijayatunggadewa ingkang ugi katelah kawastanan Prabu Dhandhanggendhis.
Inggih ing jamanipun Prabu Kertajaya punika, Trenggalek sampun wiwit kocap ing panggung sejarah lumebet ing jaman Perdikan. Minangka tandha yektinipun, inggih punika prasasti tetilaran yasanipun Prabu Kertajaya ing Kamulan, ingkang salajengipun katelah Prasasti Kamulan. Mawi angka Tahun 1116 Saka utawi 1194 Masehi.
Ing sakawit Prasasti Kamulan punika pinanggih ing dusun Kamulan, Kecamatan Durenan, Kabupaten Trenggalek. Prasasti punika ingkang sisih ngajeng ngewrat ukara 31 larik, dene ing perangan sisih wingkin cacahipun ukara wonten 33 larik. Saperangan Prasasti wau mratelakaken bilih nalika samanten Prabu Kertajaya kapeksa jengkar saking kedhaton Kedhiri jalaran karoban ing mengsah. Awit saking asung pambiyantu dalasan lelabetanipun para kawula dasih ing Kamulan, Prabu Kertajaya saged unggul ing yudha nundhung lan mbrastha mengsah saking kedhaton Kedhiri, lajeng paring kanugrahan Tanah Perdikan dhateng kawula ing Kamulan, Trenggalek. Adhedhasar Prasasti Kamulan punika, Trenggalek sampun madek peprentahan piyambak (Swatantra).

Manut panalitining para priyantun ingkan sampun lebda ing kagunan budaya saha miturut wohing panalitinipun para ahlining sejarah, inggih namun Prasasti Kamulan tetilaranipun Prabu Kertajaya punika ingkang saged lan kiyat minangka pathok-ugering pandom kangge miyak – purwakaning Sejarah Trenggalek. Wondene payerat lan adeging Prasasti Kamulan punika dhawah ing wulan Bhadrawada perangan Suklapaksa, dinten Budha Kaliwuan tahun Saka 1116.
Adhedhasar Prasasti Kamulan punika, lahir-adeging Trenggalek saged katetepaken inggih punika dhawah Rebo Kliwon tanggal 31 Agustus 1194 M.

Jaman Perdikan punika kaperang dados kalih, inggih punika Jaman Perdikan Hindu lan Jaman Perdikan Islam. Ing Jaman Perdikan Hindu, kathah sanget wohing kabudayan ingkang awujud candhi, reca, lingga, yoni lan sapanunggalanipun. Tetilaran
barang-barang patilisan candhi-candhi wau taksih kathah pinanggih ing laladan Trenggalek, kadosta : ing Dompyong – Bendungan, Ngreco-Sukorame-Gandusari, Watulimo, lan sanes-sanesipun.
Sapengkeripun Jaman Perdikan Hindu, kasusul Jaman Perdikan Islam, Inggih ing wekdal mekaring agama Islam punika perdikan-perdikan Hindu dados perdikan-perdikan Islam. Wonten ing Jaman Perdikan Islam, ingkang saged kacathet dening para Sarjana Sejarah namung kalih, inggih punika :

1. Pondok Pesantren Sumbergayam ingkang kapetang sepuh piyambak.
2. Paraga Menak Sopal, Ing Sela Nisanipun ingkang garwa, rinenggo mawi Candra Sengkala Memet ingkang saged kawaos “Sirnaning Puspita Cinatur Wulan” utawi tahun 1490 Saka, utawi tahun 1568 Masehi.

C. Jaman Trenggalek Wiwitan

Saparipurnaning Jaman Perdikan Islam, lajeng ngancik Jaman Trenggalek Wiwitan. Menggah Jaman Trenggalek Wiwitan punika winengku ing lebeting tahun 1830 ngantos tahun 1932 M, wekdal samanten kebak owah-owahan ing tata kaprajan dening Walandi.
Prastawa saderengipun tahun 1930 ingkang saged nggorekaken swasana bumi Tanah Jawi inggih punika VOC nalika samanten nindakaken pepejah, merjaya warga China kathah sanget. Prastawa punika misuwur nama “Geger Pacinan” utawi “Perang Pacina” ing Betawi nalika tanggal 10 Oktober 1740. Inggih kadadosan punika ngantor kuwawa nggegeraken Kraton Kartasura, awit Mas Garendi ingkang ugi katelah Sunan Kuning paring pitulungan dhateng warga China ingkang damel ontran-ontran, mengkang kuwaosipun Kraton Kartasura nalika tanggal 30 Juni 1742. Ngantos Sunan Paku Buwono II kepeksa jengkar, mlajar ngungsi dhateng ing Ponorogo. Awit saking lelabetanipun Bupati Mertodiningrat, Sunan Paku Buwono II saged mbrastha lan nyirep reretu ingkang damel ontran-ontran wau. Saking suka renaning penggalih, Sunan Paku Buwono II kepareng paring kanugrahan dhumateng Bupati Mertodiningrat, inggih punika putranipun ingkang asma Sumotruno, kajumenengaken Bupati ing Trenggalek. Inggih Sumotruno punika Bupati Trenggalek wiwitan; salajengipun urutan Bupati Trenggalek kados kasebat ing ngandhap inggih punika :

1. Sumotaruno Bupati Trenggalek Wiwitan;

2. Bapak Bupati Ngabehi Surengrono (ing Jaman Perang Mangkubumen) Prajanji Gianti nalika tanggal 13 Pebruari 1755, Kabupaten Trenggalek kaperang dados kalih, inggih punika :
• Perangan sisih wetan kalebet Kabupaten Ngrawa, dene
• Perangan sisih kilen kalebet Kabupaten Pacitan.

3. Bapak Bupati RT Mangunnegoro;

4. Bapak Bupati RT Aryo Kusumo Adinoto;

5. Bapak Bupati R. Ngabehi Joyopuspito (RT Pusponegoro);

6. Bapak Bupati R. Gondokusumo (Tumenggung Sumo Adiningrat) tahun 1845 - 1850;

7. Bapak Bupati Mangun Diredjo, tahun 1850 – 1894;

8. Bapak Bupati Wijoyo Kusumo, tahun 1894 – 1904;

9. Bapak Bupati Purbo Negoro, wiwit tahun 1904 – 1932, ingkang minangka panutuping Jaman Trenggalek Wiwitan.

D. Jaman Trenggalek Ginarba

Ing Jaman Trenggalek Ginarba punika mboten katha prastawa ingkang saged kacathet dening para Sarjana, kajawi namung prastawa Penyerahan Kedaulatan utawi pasrahipun Pamerintahan Walandi dhateng Pamerintah Republik Indonesia (RI) saged kaleksanan. Pamerintah Walandi dipun wakili dening Majoor Crew lan Karis Soemadi, wondene Pamerintah Republik Indonesia dipun wakili dening Bapak Moekardi saha Bapak R. Roestamadji tuwin Bapak Kardjono.

E. Jaman Trenggalek Wibawa

Adhedhasar Undang-Undang Nomor 20 Tahun 1950, Kabupaten Trenggalek hambawahi 4 (papat) Kawedanan, inggih punika :
1. Kawedanan Trenggalek;
2. Kawedanan Karangan;
3. Kawedanan Kampak; lan
4. Kawedanan Panggul.

Wondene Bupati-Bupati ing Jaman Trenggalek Wibawa, inggih punika :

1. Bapak Bupati Notosoegito;

2. Bapak Bupati R. Lantip, wekdal punika sampun kadhapuk DPRS ingkang dipun sesepuhi dening panjenenganipun Bapak R. Oetomo;

3. Bapak Bupati Moeprapto;
Kanthi alelandhesan UU angka 20 tuwin angka 12 tahun 1950, sarta Peraturan Pamarentah angka 52 Tahun 1950, wangsul manunggaling tlatah Trenggalek dados kasunyatan saengga amangke punika.
Dene ingkang sinengkakaken ing ngaluhur jumeneng Bupati panjenenganipun Bapak Moeprapto wiwit tanggal 27 Desember 1950 dumugi 21 Januari 1958, rikala Tahun 1951 inggih ing jamanipun BupatiMoeprapto punika bebrayan agung Trenggalek bebasan kadhos kedhawahan ndaru ing awanci siyang; dene Bapak Presiden RI ingkang Kapisan inggih panjenenganipun Ir. Soekarno inggih Sang Proklamator kepareng rawuh ing Kabupaten Trenggalek ingkang taksih enggal punika, malah kasdu medharsabdo ing Aloon-aloon Trenggalek;

4. Bapak Bupati Abdul Karim Diposastro, Gegandhengan kaliyan Kepala Daerah Bapak R.Soepangat Prawirawinata;

5. Bapak Bupati Soetomo Koencahya, ingkang dipun amanaken dening Pamerintah, awit prastawa G 30 S/PKI.

6. Bapak Bupati M. Hardjito, wiwit tanggal 1 Oktober 1965 ngantor 30 Januari 1967, inggih Bapak M. Hardjito punika minangka cucuking lampah jaman Orde Baru ing Kabupaten Trenggalek;

7. Bapak Bupati Moeladi, wiwit tanggal 1 Pebruari 1967 ngantos tanggal 1 Oktober 1967;

8. Bapak Bupati Soetran, wiwit tahun 1968 ngantos tahun 1975. Ing salebeting Pamerintahan Kabupaten kaasta dening Bapak Soetran, Kabupaten Trenggalek mujudaken Kabupaten wiwitan ing Jawi Wetan, ingkang saged nampi : “Parasamya Purnakarya Nugraha” ing tahun 1974. Sasampunipun Bapak Soetran kasengkakaken ing ngaluhur jumeneng Gubernur ing Irian Jaya, kelenggahan Bupati Trenggalek kapitadhosaken dhateng panjenenganipun :

9. Bapak Bupati M. Ch. Poernanto, ngantos titi wanci tumapaking Bupati ingkang enggal;

10.Bapak Bupati Soedarso, ngasta kalenggahan Bupati ing Trenggalek tanggal 4 September 1975 ngantos tanggal 2 Oktober 1985. Inggih ing salebeting pamerintahan kaasta dening panjenenganipun Bapak Bupati Soedarso Trenggalek saged manggihaken sejarahipun piyambak, inggih punika tanggal 31 Agustus 1194 M;

11. Bapak Bupati H. Haroen Al Rasyid wiwit tanggal 2 Oktober 1985 ngantos tanggal 2 Oktober 1990;

12. Bapak Bupati Drs. H. Slamet wiwit tanggal 2 Oktober 1990 ngantos tanggal 2 Oktober 1995;

13. Bapak Bupati Drs. H. Ernomo, wiwit tanggal 2 Oktober 1995 ngantos 2 Oktober 2000;

14. Bapak Bupati Ir. H. Mulyadi WR, ngasta kalenggahan Bupati ing Trenggalek wiwit tanggal 2 Oktober 2000 2 Oktober 2005;

15. Bapak Bupati H. Soeharto, ngasta kalenggahan Bupati Trenggalek wiwit tanggal 2 Oktober 2005 ngantos ing dinten samangke.

Tuwuh lan ngrembakanipun Trenggalek punika tetela beda sanget kaliyan tuwuh lan ngrembakanipun Kabupaten sanes, sanadyanta sami-sami tanah paredenipun.
Oyoding tembung Treng lan Gale punika cundhuk lan mungguh kaliyan wujud saha wataking bumi ing Trenggalek, ing wasananipun karana sala-kaprahing pangucap dados Trenggalek. Pramila saking punika, minangka pandonga saha pamuji ingkang hamungkasi ringkesaning “Sejarah Trenggalek” punika mijil sesanti : JAYA WIJAYAGUNG TRENGGALEK JAYATI.

Kabupaten Trenggalek

Dari Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas
Langsung ke: navigasi, cari
Kabupaten Trenggalek
Lambang Kab Trenggalek.jpg
Lambang Kabupaten Trenggalek
Motto: JWALITA PRAJA KARANA


Locator kabupaten trenggalek.png
Peta lokasi Kabupaten Trenggalek
Koordinat:
Provinsi Jawa Timur
Hari jadi {{{hari jadi}}}
Dasar hukum -
Tanggal -
Ibu kota Trenggalek kota
Pemerintahan
- Bupati Ir. H. Mulyadi WR.
- APBD {{{apbd}}}
- DAU -
Luas 1.205,22 km²
Populasi
- Total 700.000 jiwa
- Kepadatan -/km²
Demografi
- Suku bangsa {{{suku bangsa}}}
- Agama {{{agama}}}
- Bahasa {{{bahasa}}}
Zona waktu {{{zona waktu}}}
Kode area telepon 0355
Bandar udara {{{bandar udara}}}
Pembagian administratif
- Kecamatan
- Desa/kelurahan
Flora resmi {{{flora}}}
Fauna resmi {{{fauna}}}
Situs web http://www.trenggalekkab.go.id


Trenggalek adalah sebuah kabupaten di Provinsi Jawa Timur, Indonesia. Pusat pemerintahan berada di Trenggalek kota. Kabupaten ini menempati wilayah seluas 1.205,22 km² yang dihuni oleh ±700.000 jiwa.[1] Letaknya di pesisir pantai selatan dan mempunyai batas wilayah sebelah utara dengan Kabupaten Ponorogo; Sebelah timur dengan Kabupaten Tulungagung; Sebelah selatan dengan pantai selatan; dan Sebelah barat dengan Kabupaten Pacitan.

Daftar isi

[sembunyikan]

[sunting] Geografi

Kabupaten Trenggalek merupakan salah satu kabupaten yang ada di pesisir pantai selatan dan mempunyai batas wilayah:

[sunting] Pemerintahan

Kabupaten Trenggalek terdiri dari 14 kecamatan yaitu:

  1. Bendungan
  2. Dongko
  3. Durenan
  4. Gandusari
  5. Kampak
  6. Karangan
  7. Munjungan
  8. Panggul
  9. Pogalan
  10. Pule
  11. Suruh
  12. Trenggalek
  13. Tugu
  14. Watulimo

[sunting] Komoditi

  • Pertanian : padi, jagung, singkong, kedelai, kacang.
  • Perkebunan: tebu, cengkeh, tembakau, durian, salak, manggis, rambutan, duku.
  • Industri: kecap, sirup, tapioka, pengeringan ikan, batik, makanan ringan, terpentin, rokok, sawmill, bahan bangunan, genteng, tahu dll.

[sunting] Budaya dan Pariwisata

Trenggalek mempunyai banyak tempat peristirahatan dan tempat wisata yang mempunyai keindahan yang masih asli belum terubah oleh keadaan zaman, misalnya goa, pantai, dan pegunungan yang asri.

  1. Guo Lowo. Merupakan salah satu gua terbesar dan terpanjang di Asia Tenggara.
  2. Pantai Prigi. Pusat pariwisata dan perekonomian warga Kecamatan Watulimo. Terdapat tempat pelelangan ikan dan merupakan Pelabuhan Nusantara.
  3. Pantai Pasir Putih. Kurang lebih 2 km dari Pantai Prigi. Terkenal karena pasirnya yang putih bersih.
  4. Pantai Pelang. Pantai yang terletak di Kecamatan Panggul ini mempunyai keindahan yang luar biasa. Memiliki air terjun dan pulau kecil-kecil yang indah.
  5. Larung Sembonyo. Upacara adat pesisir yang selalu menarik perhatian wisatawan asing maupun domestik. Diadakan setahun sekali di Pantai Prigi.
  6. Pemandian Tapan. Terletak di Kecamatan Karangan, merupakan kolam pemandian alami yang berada di kawasan pegunungan yang airnya langsung dari sumber sehingga terjamin kebersihannya.
  7. Upacara Dam Bagong. Diadakan setiap tahun sekali dengan mempersembahkan kepala kerbau untuk di larung di Kali Bagong.
  8. Candi Brongkah. Merupakan candi yang berisi sejarah asal-usul Trenggalek.
  9. Alun-alun Kota. Sarana rekreasi keluarga yang selalu ramai dikunjungi warga Trenggalek, terutama pada malam minggu.
  10. Tari Turonggo Yakso. Merupakan tarian khas Kabupaten Trenggalek.

[sunting] Sejarah

Salah satu tokoh terkenal di Trenggalek adalah Menak Sopal, salah seorang bupati atau pengusasa Trenggalek. keterangan resmi mengenai Menak Sopal belum banyak ditulis, akan tetapi situs berupa makam dapat dijumpai di dusun Bagong, kelurahan Ngantru, kecamatan Trenggalek. Menak Sopal dikenal sebagai pahlawan bagi kaum tani di Trenggalek, usahanya untuk membangun sebuah dam atau waduk beserta saluran irigasi yang menyertainya berkembang menjadi sebuah legenda yang mengiringi tradisi sedekah bumi yang sampai saat ini dilaksanakan oleh kaum tani di kelurahan Ngantru pada bulan Sela. konon, saat membangun waduk tersebut, Menak Sopal dan pengikutnya mengalami kesulitan karena selalu saja bangunan yang membendung kali Bagong itu jebol. setelah bertapa beberapa hari akhirnya, Menak Sopal mengetahui jika penyebab jebolnya bangunan waduk tersebut karena ulah siluman bajul putih yang menguasai sungai tersebut. setelah bertemu dengan siluman bajul putih, akhirnya sang siluman bersedia untuk tidak mengganggu pekerjaan besar Menak Sopal dengan meminta tumbal seekor gajah yang berkulit putih pula. singkat cerita dengan sedikit tipu muslihat, Menak Sopal berhasil menyediakan tumbal Gajah Putih kepada Bajul Putih. Untuk diketahui pemilik Gajah Putih di daerah Wengker hanya ada satu orang yaitu seorang janda di daerah Ponorogo.

[sunting] Catatan kaki

  1. ^ Potensi Pariwisata dan Produk Unggulan Jawa Timur, hal 72

[sunting] Pranala luar

http://id.wikipedia.org/wiki/Kabupaten_Trenggalek

RAMALAN JODOH

KOMENTAR